5 Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 2026 Singkat, Referensi Sambutan Acara Keluarga

Selasa 24-03-2026,11:55 WIB
Reporter : Adinda Salsabila
Editor : Adinda Salsabila

Mugi ing wulan Syawal punika kita saged langkung eling dhumateng dosa-dosa kita, lajeng sami ngupadi pangapunten saking Gusti Allah SWT lan ugi saking sesami. Mugi manah kita dados langkung resik, langkung andhap asor, saha langkung tansah eling lan waspada ing saben tindak tanduk.

Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang dipun paringi pangapunten lan dipun resiki saking dosa.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

4. Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bismillahirrahmanirrahim

Kanthi nyuwun ridhanipun Allah Swt.

Kula lan panjenengan sedaya ingkang lenggah samia nglengganagadahi salah, khilaf, lan dosa.

Kanthi punika kita ikhlas ikrar halal bihalal sepuh punapa ingkang anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten antawis satunggal dumateng sanesipun mugi Allah Swt. paring ridho dateng lampah ingkang pinuji punika kanthi kairing donga:

Taqoballahu minna wa minkum,minal aidzin wal faidzin

Mugi kita sedaya wangsul dateng fitrahlan Allah tansah bimbing dumateng kula lan panjenengan dateng kesaenan lan pangibadah Amiin Allahuma Amiin

Wassalamu’alaikum wr. wb.

5. Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa

Bismillahirrahmanirrahim. Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Para rawuh ingkang kinurmatan, para sesepuh, para pinisepuh, saha sedaya sedherek ingkang kinasih. Ing dinten ingkang kebak berkah punika, kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, taufik, saha hidayahipun, dumugi kita saged pinanggih wonten ing acara syawalan punika kanthi rahayu.

Kula minangka wakil saking sedaya ingkang rawuh, kanthi andhap asor nyuwun pangapunten ingkang tanpa winates. Menawi wonten tembung ingkang kirang mranani, tumindak ingkang kirang prayoga, saha kalepatan ingkang kasengaja utawi boten kasengaja, mugi kersa paring pangaksami. Awit kita sedaya namung tiyang ingkang kebak kalepatan lan kekirangan.

Ing wulan Syawal ingkang suci punika, mugi kita saged bali dhumateng fitrah, dados pribadi ingkang langkung resik manahipun, langkung sae budi pekertinipun, saha langkung cedhak kaliyan Gusti Allah SWT. Mugi sedaya dosa kita dipun apura, saha amal ibadah kita dipun tampi.

Sumangga kita sami ndedonga, mugi Allah SWT paring berkah, karahayon, saha katentreman dhumateng kita sedaya. Mugi tali silaturahmi ing antawisipun kita tansah kaiket kanthi raket, kebak katresnan lan pangapunten.

Kategori :