5 Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 2026 Singkat, Referensi Sambutan Acara Keluarga
Berikut contoh ikrar halal bihalal bahasa Jawa 2026 singkat.--Pinterest
Para rawuh ingkang kinurmatan, kanthi andhap asor kula nyuwun pangapunten ingkang saestu jero. Ing dinten Syawal ingkang kebak berkah punika, kita sami eling bilih kita minangka manungsa boten saged uwal saking dosa lan kalepatan, ingkang kadhangkala kita tindakaken kanthi sadar utawi tanpa sadar.
Kula minangka wakil, ngaturaken panyuwunan pangapunten dhumateng panjenengan sedaya. Menawi wonten lepating lisan ingkang nate nglarani, tumindak ingkang boten kenging dipun tuladani, saha sikap ingkang kirang prayoga, mugi kersa paring pangaksami kanthi manah ingkang lega. Awit sejatosipun, kita sedaya ngantos dumugi wekdal punika taksih kebak kekirangan.
Mugi ing wulan Syawal punika kita saged langkung eling dhumateng dosa-dosa kita, lajeng sami ngupadi pangapunten saking Gusti Allah SWT lan ugi saking sesami. Mugi manah kita dados langkung resik, langkung andhap asor, saha langkung tansah eling lan waspada ing saben tindak tanduk.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang dipun paringi pangapunten lan dipun resiki saking dosa.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
4. Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr. wb.
Bismillahirrahmanirrahim
Kanthi nyuwun ridhanipun Allah Swt.
Kula lan panjenengan sedaya ingkang lenggah samia nglengganagadahi salah, khilaf, lan dosa.
Kanthi punika kita ikhlas ikrar halal bihalal sepuh punapa ingkang anem sami-sami paring lan nyuwun pangapunten antawis satunggal dumateng sanesipun mugi Allah Swt. paring ridho dateng lampah ingkang pinuji punika kanthi kairing donga:
Taqoballahu minna wa minkum,minal aidzin wal faidzin
Mugi kita sedaya wangsul dateng fitrahlan Allah tansah bimbing dumateng kula lan panjenengan dateng kesaenan lan pangibadah Amiin Allahuma Amiin
Wassalamu’alaikum wr. wb.
5. Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa
Bismillahirrahmanirrahim. Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para rawuh ingkang kinurmatan, para sesepuh, para pinisepuh, saha sedaya sedherek ingkang kinasih. Ing dinten ingkang kebak berkah punika, kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, taufik, saha hidayahipun, dumugi kita saged pinanggih wonten ing acara syawalan punika kanthi rahayu.
Cek Berita dan Artikel lainnya di Google News
Temukan Berita Terkini kami di WhatsApp Channel
Sumber: